17 May 2012

Sisi liyane awakku

Jino kenopo to karo aku? Aku dewe ra ngerti. Meneng wae diomongi jahat, ngomong jare marai loro ati. Karepmu aku kon piye, he?

Iyo-iyo, kowe ki ratau salah. Kowe ki bener terus. Kowe sering ra sih ndeloki statusmu dewe sik gekben terus mbandingke karo awakmu sing saiki ngono? Tulisan, lambe, karo tindakanmu ki ra singkron blas.

Sorry lho iki. Jare kon ora gampang nge-judge uwong. Tapi kok kowe dewe nggampangi? HAHAHA

Ndi-ndi, sing jarene arep menegakkan keadilan! Ngomong wae neng SMS, NDI AKSINE?! NDI?!

Aku kok kudu ngguyu yo. Mbok wis to dadi wong ki sing sareh. Niat ngenengke wong ki yo mbok wis dinengke. Lha iki?! Sopo sing ngenengke, sopo sing merintih-rintih pengen kekancan meneh. SOPO SING RA KUDU NGGUYU NEK NGONO KUI HAHAHA

Wis lah, ngomong karo kowe ki emang raono enteke. Kowe ra bakalan tekan karo opo sing tak omongke. Sesuk-sesuk sirahe diiseni sik nek meh ngomong karo aku.

oOo

".........aku kira Bapakmu itu paham, ternyata......." *nada biasa kok* *omongane uwong*
Terus kenopo nek Bapakku ra "paham"? Njamin po nek paham ki terus mlebu suargo? Paham nek ra ngamalke yo podo wae kaleeeeeee. Biasa wae. Bapakku sing ra "paham" omongane luwih nduwe "isi" daripada kowe sing "paham". Moco terus ngamalke ki luwih becik timbang mung moco terus mung "ngomongi".

Aku wonge emang ra gagasan. Aku wonge wegah ribet, wegah susah. Aku wonge nek garap sesuatu kudu duwe jeda wektu akeh. Emange aku ra kuliah? Emange tugasku ra akeh? Emange aku ra duwe kesel po? Emange kowe apaku kok ngongkon-ngongkon cepet-cepet? Bapakku karo mbokku we ratau nyusu-nyusu aku. Aku ratau tertarik karo sospol. Aku ra seneng. Awakdewe ki duwe jatah dewe-dewe. Rasah to do mekso-mekso kudu neng kene kudu neng kono. RA SESUAI PASSION MARAI RA OPTIMAL. Sing nggarap yo wegah-wegahan.

Ora kok. Aku ratau nyesel wis neng dalan iki. Alhamdulillah malah. Tapi aku mung ra seneng carane do ngarahke. Aku wis gede. Wis isoh milih ndi sing tak senengi ndi sing ora. Aku emang bedo. Ngopo kudu mekso aku dadi podo?

Wis. Omong kosongku wis bar. Bar moco iki pikiranmu tentang aku arep piye terserah. Iki pendeman selama iki. Oleh to? Sopo ngomong blog ki kudu ngeki manfaat? Yo emang kudu, tapi emang raoleh nek nggo curhat? Nadaku pas nulis iki biasa wae. Mocone rasah nggo emosi.

4 May 2012

#quote

"Apakah yang sanggup mengubah luka menjadi intan? Yang membekukan air mata menjadi kristal garam?" Sahabatku menjawab, "Waktu."

#quote

Kadang kita harus berpisah dengan diri kita sendiri; dengan proyeksi. Diri yang telah menjelma menjadi manusia yang kita cinta.


Mungkin harus dengan cara yang kamu bilang dulu. Berputar menjadi seseorang yang bukan kita, demi bisa menjadi diri kita lagi.

1 May 2012

Not so simple to give title

Sudah lelah rasanya berpura-pura
Menjadi orang lain yang tak lagi sama
Hanya demi mulut yang selalu ingin tersenyum
Tersanjung dalam semu bayang mutlak kelam

Pernah aku menyesal
Berdiri tepat di kaki gunung terjal
Ingin kembali menjadi diri
Dan tak lagi merasa mati


Disini aku berjalan di atas dawai gitar kehidupan
Menuntut aku lincah menahan kunci berlompatan
Seharusnya kau tau bahwa aku bukan pemain gitar
Aku hanyalah penggores gambar...